Njogo kerjo komputer
Jagalah pc mu seperti kamu menjaga orang yang kamu sayang hhha door
Artine (goblok koee )
Akeh manungso seg gumun ngopo koputere rasane lemot. dibanding komputere liane, terus yo ora sitik manungso seg kurang puas seko kerjone komputere. Asline kabeh kumau seko salae sek due komputere dw, Manungso biasane ora leren le dulanan komputer po kerjo nang ngarep komputer dadi sok ra di gatekke kae lho perawatane.
Nerawat komputer asline ra segampang sek dipiker cook. Ngrawat komputer ki ra mung sko jobone, tapi jerone barang, iki asline kuncine. komputer iso sekeng mergo kurang le ngrawat ro kurang le dlog hal hal penting. Terus Pie carane ben awak dw nglakoni kui kabeh??
Nang kene aku rep njelaske pie carane ngrawat komputer mu ben iso mok gunakke sak polle trus yo ra marai koe jengkel mergo komputermu sekengg.
kesiji, Ojo dinggo pol polan komputermu ki nganti ra leren leren,(ra mung komputere sek njeblog kwe yo iso mati cook) bagi wektumu nggo mateni komputermu(sakdurunge komputermu seg mteni koe) komputer yo butoh leren cook. Mergo iki kudu di pandengi tenan(ina:diperhatikan) mergo komponen komputer yo iso rusak nag dinggo pol pollan.
Kepindo, Kurangi masang program-program ra pentink tur yu ra kudune dipasang nank komputer, semisal (karbu gelas po kulkas) sek kepisan ra keno, tur yo sek kepindo yo ra iso hha, kui ki asline iso ngentekke memori iki balkalan ngrugeni koe mergane komputermu bakalan lemott bin sekeng, iki yo iso marakke utek aka processor dadi cepet panas, masang program ki sek penting-penting wae.
Ketelu, Ojo masang program sek fungsine dobel, maksute ki nginstal 10 po 20 program seg podo fungsine, ra guno suuu. Nak pengrn nginstal program sek paling anyar yo di un-instal diseg program seg lawas.
Kepapat, Kurangi nge game nank komputer, nag nge game yo nank ps, nag ra due ps nggedrug ro simbok po akon adol sawah go tuku ps. Sok dong awak dw ki ra peduli akehe game seg di pasang nank kompter’e dw, ro ra peduli wektu yen wes nge game nganti sesasi ra adus barang, game ki mung huburan nag bosen wae yo cook, dadi ojo kakean masang ro dulanan game, iki dampake elek go komputer utamane nank RAM, prosesoe lan Mainboart. Pemanasan komputer iso marake komponen cepet rusak lan lemot alias sekengg.
Kelimo, Ojo nggo os(oprating system) sek mekso komputer, maksute nak komputer elek yo masang os seg eleg, nag komputere apek oleh masang os seg apek, dadi seg due komputer elek kudu nyadar yoo ojo meksakke, nak due duet yo tuku seg apek
Keenem, Pasang anti firus seg ampuh lan tahan banting, ben iso mancal firus-firus seg rep mlebu komputermu. Biasake sscan diseg ak durunge ngecopke USB utawa kabel data. Iki iso ngalangi virus seg nakal kyo kimcil. Virus ki hal seg paling disengiti komputer. Komputer iso sekeng mergo keno virus sok-sok file-file barang iso rusak lho dipangan firus.
Kepitu, Koe kudu rajin ngecek harrdisk mu nggo sistem utilites/ fil tukang sapu file seg ra dinggo komputer. Defrag harddisk yo pentink go nyusun komponen data ben menagke komputer, tur awak dw yo gampang nag rep golek file seg disimpen, keki jadwal go nglakoni iki minimal 2 minggu pisan.
Kewolu, Ojo mbukak program bareng-bareng, trus tutup program seg ra kudu tog lakoke. Mbukak program akeh tur bareng iso marakke komputer not responding utaa macet, mergo mangan RAM akeh
Kesonggo, Masang program seg go ngapik-apik komputer iso mengaruhi kerjo komputer. Koyo masang gadget windows seg ting tumpuk, majang wallpaper miyabi sek ukurane file gede, masang tema go windows, lan sag liane. Sakbenere iki ra apek dilakoni lee?? Nag komputermu rupane keren ning sekeng rak yo podo wae tho cook, dadi koe dadio pengguna seg profesional lan ra aneh-aneh. (asline seg nulis yo neko-neko lho hha, lolog)
kui hal-hal sek kudu tok pandengi tenen ben komputermu ki tetep cantik koyo mantan q . Dadio user seg pinter lan ojo waton nganggo ra tanggung jawab.
Pokoe intine jogoo komputermu kyo koe jogo pacarmu seg tok sayangi.
Salam sekenk tapi kuat hhhasuuuuu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar